Selasa, 04 November 2014

geguritan jawa


KANCA
                              (Dening Niki Aryanti)


Wekdal kula ngraos piyambek
Namung setunggal kula pikiraken
Uga ingkang kula pikiraken
Kala-kala sareng sampeyan
Kala gumujeng sareng sampeyan                             
Gojeg uga gujeng ingkang tansah sampeyan                 
 Sukakna dhateng kula                   
Punika ingkang ndamel kula dados remen
Nanging...
Nalika kula sampun tebih saking sampeyan
Nalika sampeyan mboten malih sareng kula
Kula rumaos sepen
Kula rumaos sedhih       
Duh gusti.               
Napa iki ingkang naminipun kanca ?                   
Napa iki ginanipun kanca ?                   
Matur nuwun gusti
Sampun nyukakaken kanca kangge kula                   
Kangge gesang ingkang kula alami sakmenika
 Benjing uga salaminipun




                   

Tidak ada komentar:

Posting Komentar